Selasa, 11 September 2012

Contoh sederhana naskah “panyandra”

Pada prinsipnya kami sampaikan lagi bahwa “panyandra” sama dengan melaporkan kejadian yang sedang kita saksika / laporan pandangan mata/melukiskan peristiwa yang sedang kita saksikan.Contoh Panyandra 


Contoh sederhana naskah “panyandra”
(temanten tumuju wonten ing sasana panti pahargyan)
Paripurna titilaksana lampahing upacara adat widi lan widana wonten ing sak ngajenging panti pahargyan,nalika samana kawistara sri atmaja pinangantyan sarimbit sampun sinengemban sindur dening ingkan rama,pasemone yekti daup iro wus tinuntun dening reh kautaman,mugya samangke datan nalisir saking anger ungering kautaman.
Kawistara sri atmaja pinagantyan sampun lumaksana kanthi kekantenan asta bebasan datan genggang sarekma pinarasasra.Sembada ing driya,tan mingkuh salwiring kewuh,yen yo tamtama sumbaga wiratama,prawira jayeng palugon,tatag tangguh tanggon sarta kebaking raos tanggung jawab.
Lumaksana tumuju wonten pernahe dampar rinengga,dampar ingkang mligi cinawesake kinarya lenggahing sang mustikaning gati wiwaha.Pepaesaning sasana rinengga kawistara edi sakalangkung peni,hangagem puspita rinonce arum kongas gandane endah yen to dinulu,mugya kanthi endah sulistiyaning warna mahanana dhumateng luhuring budyatama.
Lumaksana kanthi kekantenan asta,atut runtuting wirama gangsa.Awit wantering puja puji pangastuti saking ngarsanipun para rawuh ingkang minulya,samanke sri atmaja pinangantyan sarimbit kawistara sampun lenggah hangana raras pida kumajaya kumaratih,samangke sri atmaja pinagantyan sarimbit siyaga netebi tumapaking adicara saklajengipun.
Nuwun…………nuwun……………Maturnuwun

Tidak ada komentar:

Posting Komentar